bubar nglinting udud mbah Sabdo Godek ora langsung nyumet udud'e, mandeg trus ngomong:
" jebul jik enek bucah sing mari kangen'e mung nyawang poto, untung mbah putri mbiyen ra nduwe poto ra nduwe pesbuk, dadi aku orausah nyawang foto pas lagi kangen, opo meneh turu ngeloni poto supaya ndang merem... hehehehe"
trus mbah godek nyumet udud'e nanging kleru nyumet jenggot'e banjur bengok-bengok :
" koboong..... kobbooonnnggg.... " mbah Godek panik karo ngelus- elus jenggot'e
saking reflek'e putune kang nembe ngalamun langsung tanggap sasmita, ngerti mbahne jenggote kobongan dewek'e nyaut wedang sing ono ngarepan kanggo nggebyur jenggote mbah Godek.
saiki jenggot'e mbah Godek kopras kopi.
wong sakarone podho ngguyu cekaka'an... : " wkakakakakaka......."